Postingan

Menampilkan postingan dari 2020

Cerita Rakyat

A. Cerita Rakyat          Cerita rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat.          Tema yaiku pokok permasalahan ing sa jroning crita. Latar yaiku papan panggonan, wektu, lan suwasana kadadeyan ing sa jroning crita. Penokohan yaiku paraga kang nduweni watak ing sajroning crita. Alur yaiku urut urutane prastawa ing crita. Sudut pandang yaiku cara pandang panganggit tumrap crita kang dianggit awujud wong kapisan, wong kapindho, utawa wong ketelu. Amanat yaiku pesen kang diaturake dening panganggit marang wong kang maca. Titikane crita rakyat .  Panyebarane kanthi lesan.     Duweni sipat tradisional.  Sugih cakrik lan variasi.  Jenenge pangriptane ora konangan ( anonim yaiku crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit).  Wangune tiron ( klise) ana ing susunan utama cara pangungkapane. Mupangate crita rakyat yaiku: Mupangat rekreatif yaiku menehi rasa tentrem, seneng uga menehi hiburan.  Mupangat dedaktif

Panganan tradisional jawa

Gambar
       Panganan tradisional iku panganan kang kendhang ing papan utawa dhaerah tartamtu. Saben dhaerah biasane duwe panganan sing kondhang lan dadi ikon dhaerah. Kayata coto lan konro ing makasar, rendhang ing padang, lan sapanunggale. A. Maca lan nanggapi teks      Gatekna pethilan teks ngisor iki!  APEM          Apem iku kalebu panganan tradisional saka Jawa Tengah. Rasane sing legi nanging uga ana kecut- kecute  sitik sing gawe apem tambah enak. Ing jaman saiki kue- kue tradisional wis langka amarga saiki wis akeh panganan saka negara liyane sing nyebar ning beberapa wilayah. Kaya dene apem, saiki wis jarang banget . biyasane apem iki didol ing pasar- pasar tradisional. Saliyane rasane sing legi lan kecut, wujude apem  uga empuk lan alus. Mula apem iki bisa dipangan kanggo kabeh umur saka sing tuwa tekan wong enom.        Apem iki digawe saka repung beras lan tape budhin utawa kang biyasane wong sebut kenyos. Kagunane tape utawa kenyos iki supaya ana rasa kecute. Aja

Srawung Karo Sasama

          Serat Wedhatama iku anggitane kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Tembung 'serat'   tegese tulisan/karya, 'wedha'   tegese Wilangan/tuntunan, dene 'tama'   duwe teges utama/kautaman. Dadi, wose serat Wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun budi pekrtine sapa wae kang maca. Serat Wedhatama dianggit wujud tembang macapat pupuh pangkur, sinom, picung, gambuh, lan Kinanti. A. Maca lan nanggapi teks serat Wedhatama pupuh pangkur lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru Wilangan.  Pangkur Mingkar-mingkuring ukara ( Membolak-balikkan kata ) Akarana karenan mardi siwi ( Karena hendak mendidik anak ) Sinawung resmining kidung ( Tersirat dalam indahnya tembang ) Sinuba sinukarta ( Dihiasi penuh warna ) Mrih kretarta pakartining ilmu luhung ( Agar menjiwai hakekat ilmu luhur ) Kang tumrap ing tanah Jawa ( Yang ada di tanah Jawa/nusantara ) Agama ageming aji. ( Agama 'pakaian diri ) Pupuh pangkur ing

Pranatacara

Gambar
             MC utama Master of Ceremony mengkono istilah misuwur tumraping pranatacara. Pranatacara kajibah nglantarake titilaksana upacara pasamuan, temanten, lan sapanunggalane. Basa sing dienggo pranatacara gumantung karo upacarane. Pranatacara, yaiku paraga kang nduweni jejibahan nglantarake titilaksana ing acara. A. Maca lan Nanggapi Teks Pranatacara      Gatekna pethilan teks pranatacara ngisor iki!  Assalamualaikum Wr. Wb          Bapak kepala sekolah SMA N 2 KENDAL ingkang kula hormati, bapak ibu guru ingkang kula hormati saha kanca-kanca ingkang sutrisna.          Puji syukur kita aturaken wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkang maha Agung, ingkang sampun paring rahmat saha hidayahipun, saengga kita saged makempal wonten ing acara menika tanpa alangan satunggal menapa. Ingkang titiwanci menika kula dados pranata cara badhe ngaturaken susunan adicara inggih menika 1. Purwaka 2. Atur Pambagyaharjo 3. Atur Pangandikan saking ketua OSIS 4. Atur Pangandikan sakin

Aksara Jawa

Gambar
AKSARA JAWA         Aksara Jawa uga dikenal mawa jeneng Aksara "Hanacaraka" dijupuk saka urutan limang Aksara Wiwit ane. Urutan dhasar Aksara Jawa nglegena (utama uda) iki cacahe ana rongpuluh lan nglambangke kabeh fonem basa jawa. Urutan Aksara Jawa nglegena karo pasangane yaiku kaya mangkane: Aksara Jawa : Sandhangan swara dan sandhangan panyigeg wanda : Sandhangan wyanjana : Saliyane Aksara nglegena, pasangan, lan sandhangan ing dhuwur, Aksara Jawa uga duweni Aksara Murda kanggo nulis huruf kapital (kayata ing nulis Sultan Hamengkubuwana), Aksara Swara kanggo nulis huruf vokal (a, i, u, e, o), Aksara Rekan kanggo nulis huruf manca kan dicethakake (luwih-luwih tembung Arab kayata dzikir, fitri), lan Aksara Wilangan kanggo nulis angka ing Aksara Jawa. Aksara murda lan pasangane :   Aksara rekan lan pasangane : Aksara wilangan : Sumber : https://images.app.goo.gl/xLDKHieFJ129yBCy6 https://images.app.goo.