Srawung Karo Sasama

          Serat Wedhatama iku anggitane kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Tembung 'serat'  tegese tulisan/karya, 'wedha'  tegese Wilangan/tuntunan, dene 'tama'  duwe teges utama/kautaman. Dadi, wose serat Wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun budi pekrtine sapa wae kang maca. Serat Wedhatama dianggit wujud tembang macapat pupuh pangkur, sinom, picung, gambuh, lan Kinanti.

A. Maca lan nanggapi teks serat Wedhatama pupuh pangkur lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru Wilangan. 


Pangkur

Mingkar-mingkuring ukara
(Membolak-balikkan kata)
Akarana karenan mardi siwi
(Karena hendak mendidik anak)
Sinawung resmining kidung
(Tersirat dalam indahnya tembang)
Sinuba sinukarta
(Dihiasi penuh warna)
Mrih kretarta pakartining ilmu luhung
(Agar menjiwai hakekat ilmu luhur)
Kang tumrap ing tanah Jawa
(Yang ada di tanah Jawa/nusantara)
Agama ageming aji.
(Agama 'pakaian diri)

  • Pupuh pangkur ing serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 14 pada (bait). Sapada tembang pangkur kiwa iki kawiwitan saka tembung 'mingkar'  tekan tembung 'aji'. 
  • Guru gatra, yaiku wewaton cacahe larik sapada. Guru gatrane saben sapada tembang pangkur ana 7.
  • Guru lagu, yaiku wewaton dhong-dhinge swara utawa sukonwulone swara saben pungkasane gatra. Guru lagune tembang pangkur, yaiku a, i, u, a, u, a, i. 
  • Guru wilangan, yaiku wewaton cacahe Wanda (suku kata) saben sagatra (larik). Dadi, guru wilangane tembang pangkur, yaiku 8,11,7,12,8,8.
  • Supaya gampang dieling-eling , guru Wilangan lan guru lagune tembang pangkur, biasane ditulis : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i.

B. Maca lan nanggapi teks serat Wedhatama pupuh sinom lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru Wilangan


Sinom

Nuladha laku utama
(Contohlah perilaku utama,) 
Tumraping wong tanah Jawi
(Bagi kalangan orang Jawa) 
Wong Agung ing ngeksiganda
(Orang besar dari ngeksiganda) 
Panembahan senopati
(Panembahan senopati) 
Kepati amarsudi
(Yang tekun) 
Sudaning hawa lan nepsu
(Mengurangi hawa nafsu) 
Pinesu tanpa brata
(Dengan jalan prihatin) 
Tanapi ing siyang ratri
(Serta siang malam) 
Amamangun karyenak tyasing sesama
(Selalu berkarya membuat hati tentram, bagi sesama) . 

  • Pupuh sinom ing serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 18 pada (bait). Sapada tembang sinom kiwa-ikikawiwitan saka tembung 'nuladha' tekan tembung 'sasama'. 
  • Guru gatra, yaiku wewaton cacahe larik saben sapada. Guru gatrane saben papada tembang sinom ana 9.
  • Guru lagu, yaiku wewaton dhong-dhinge swara utawa sukon-wulone swara saben pungkasane gatra. Guru lagune tembang sinom, yaiku a, i, a, i, i, u, a, i, a. 
  • Guru Wilangan, yaiku wewaton cacahe Wanda (suku kata) saben sagatra (larik). Dadi, guru wilangane tembang pangkur, yaiku 8,8,8,8,7,8,7,8,12.
  • Supaya gampang dieling-eling, guru Wilangan lan guru lagune tembung pangkur, biasane ditulis : 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a.


Sumber :

Buku Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 kelas X SMA)/SMK/MA




Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Aksara Jawa

Panganan tradisional jawa

Pranatacara