Panganan tradisional jawa

       Panganan tradisional iku panganan kang kendhang ing papan utawa dhaerah tartamtu. Saben dhaerah biasane duwe panganan sing kondhang lan dadi ikon dhaerah. Kayata coto lan konro ing makasar, rendhang ing padang, lan sapanunggale.

A. Maca lan nanggapi teks
     Gatekna pethilan teks ngisor iki! 


APEM 



        Apem iku kalebu panganan tradisional saka Jawa Tengah. Rasane sing legi nanging uga ana kecut- kecute  sitik sing gawe apem tambah enak. Ing jaman saiki kue- kue tradisional wis langka amarga saiki wis akeh panganan saka negara liyane sing nyebar ning beberapa wilayah. Kaya dene apem, saiki wis jarang banget . biyasane apem iki didol ing pasar- pasar tradisional. Saliyane rasane sing legi lan kecut, wujude apem  uga empuk lan alus. Mula apem iki bisa dipangan kanggo kabeh umur saka sing tuwa tekan wong enom.
       Apem iki digawe saka repung beras lan tape budhin utawa kang biyasane wong sebut kenyos. Kagunane tape utawa kenyos iki supaya ana rasa kecute. Aja lali  gula jawa lan gula pasir supaya nambah rasalegi lan enak. Saliyane iku bahan –bahane kang digunakake yaiku ragi, banyu krambil, lan santen. Bahan –bahan kabeh mau diuleni kanthi rata lan mateng. Sawise kuwi dicetak lan khusus.
       Sawise mateng lan ngembang biyasane apem disajekake ora nggunakake godhong kaya dene panganan liya- liyane. Nanging biyasane apem dibungkus nganggo plastik.

Sumber :

https://images.app.goo.gl/YaTPzo2DCatQgeqNA

Buku Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA


Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Aksara Jawa

Pranatacara