Cerita Rakyat

A. Cerita Rakyat

         Cerita rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat.
         Tema yaiku pokok permasalahan ing sa jroning crita. Latar yaiku papan panggonan, wektu, lan suwasana kadadeyan ing sa jroning crita. Penokohan yaiku paraga kang nduweni watak ing sajroning crita. Alur yaiku urut urutane prastawa ing crita. Sudut pandang yaiku cara pandang panganggit tumrap crita kang dianggit awujud wong kapisan, wong kapindho, utawa wong ketelu. Amanat yaiku pesen kang diaturake dening panganggit marang wong kang maca.


  • Titikane crita rakyat . 
  1. Panyebarane kanthi lesan.    
  2. Duweni sipat tradisional. 
  3. Sugih cakrik lan variasi. 
  4. Jenenge pangriptane ora konangan ( anonim yaiku crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit). 
  5. Wangune tiron ( klise) ana ing susunan utama cara pangungkapane.

  • Mupangate crita rakyat yaiku:
  1. Mupangat rekreatif yaiku menehi rasa tentrem, seneng uga menehi hiburan. 
  2. Mupangat dedaktif yaiku ndhidik para kang macam amarga nilai-nilai kabeneran lan kaapikan kang ana ing sajroning crita. 
  3. Mupangat estetis yaiku menehi nilai-nilai kaendahan. 
  4. Mupangat moralitas yaiku ngemu nilai-nilai moral kang dhuwur saengga para kang maca bisa mangerteni moral kang apik lan elek. 
  5. Mupangat relegiusitas yaiku ngemu ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo para kang maca. 

  • Unsur crita rakyat
  1. Tema yaiku ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari lakuning crita. 
  2. Latar (setting) yaiku latar belakang kang mbantu cethaning laku crita kang ngemot wektu, papan panggonan lan sosial budaya. 
  3. Paraga yaiku paraga ing sajroning crita. 
  4. Alur (plot) yaiku rerangkening prastawa ing sajroning crita. 
  5. Amanat yaiku pesen kang ana ing crita. 
  6. Sudut pandang yaiku nyritakake tokoh, barang, papan, lan sapanunggale. 

  • Wujude crita rakyat miturut William R. Bascom ana telung golongan, yaiku mitos, legenda, lan dongeng. 
  1. Mitos yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan.kedadeyan ing alam dhataran, segara utawa langit, tuladhane crita nyi rara Kidul, nyi Lanjar, lan sapanunggale. 
  2. Legenda yaiku crita kang dianggep bener-beneran kedadeyan, biyasane crita mau ana petilasan arupa watu, gunung kali, lan sapanunggale. 
  3. Dongeng yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane kancil nyolong timun, keong mas, lutung kasarung, lan sapanunggale. 


Sumber : 

Buku Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 kelas XI SMA/SMK/MA


Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Aksara Jawa

Panganan tradisional jawa

Pranatacara