Pranatacara

     

       MC utama Master of Ceremony mengkono istilah misuwur tumraping pranatacara. Pranatacara kajibah nglantarake titilaksana upacara pasamuan, temanten, lan sapanunggalane. Basa sing dienggo pranatacara gumantung karo upacarane.

Pranatacara, yaiku paraga kang nduweni jejibahan nglantarake titilaksana ing acara.

A. Maca lan Nanggapi Teks Pranatacara
     Gatekna pethilan teks pranatacara ngisor iki! 

Assalamualaikum Wr. Wb

         Bapak kepala sekolah SMA N 2 KENDAL ingkang kula hormati, bapak ibu guru ingkang kula hormati saha kanca-kanca ingkang sutrisna.

         Puji syukur kita aturaken wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkang maha Agung, ingkang sampun paring rahmat saha hidayahipun, saengga kita saged makempal wonten ing acara menika tanpa alangan satunggal menapa. Ingkang titiwanci menika kula dados pranata cara badhe ngaturaken susunan adicara inggih menika
1. Purwaka
2. Atur Pambagyaharjo
3. Atur Pangandikan saking ketua OSIS
4. Atur Pangandikan saking kepala sekolah
5.
6. Dhonga sesarengan
7. Wasana

         Adicara ingkang pungkasan inggih menika wacana. Kula minangka pranatacara nyuwun agunging pangapunten dhumateng panjenengan sedaya menawi kula kathah kelepatan.
        Sumangga kita pungkasi adicara menika dening waosan Hamdallah Alhamdallah

Wassalamu'alaikum Wr. Wb


B. Mbedhah Kaidah Pranatacara
     Urut-urutane teks pranatacara :
  1. Salam pambuka,
  2. Atur pamuji, 
  3. Atur kasi gengan, kairing atur panuwun, 
  4. Wedharing gati,
  5. Atur nyuwun pangapura,
  6. Panutup,
  7. Salam panutup. 
C. Maca Teks Pranatacara
     Supaya anggone maca teks pranatacara gampang dimangerteni, kudu nggatekake babagan ngisor iki. 
  1. Pengucapane kang trep
  2. Pamedhotan ukara kang trep
  3. Intonasi, nada, lan tekanan kang trep
  4. Mangerteni tandha wacan kanthi trep
  5. Swara kang cetha
  6. Ngatur alon lan cepete pamaca 
  7. Ngolah treping mlebu wetuning napas 
  8. Mahami wacan
  9. Pracaya marang dhiri pribadipribadi

Sumber :
http://ayjunhae.blogspot.com/2013/10/pranatacara-ambal-warsa-sekolah.html?m=1

https://dekorultah28.blogspot.com/2018/02/dekorasi-ulang-tahun-sekolah.html?m=1

Buku Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 kelas X SMA/SMK/MA




Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Aksara Jawa

Panganan tradisional jawa